sng ngerti crita perang limang dina ing smarang ngganggo b jawa tulis y
B. Daerah
syahrilnur37
Pertanyaan
sng ngerti crita perang limang dina ing smarang ngganggo b jawa tulis y
1 Jawaban
-
1. Jawaban arnef31p0ccq4
Sawise kamardikan Republik Indonesia wis dipratelakake dening Ir Soekarno tanggal 17 Agustus 1945, ananging walanda lan wadya balane ora gelem ngakoni kamardikan Indonesia. Kedadeyan kaya ngono ana ing ngendi bae kayata Medan, Surabaya lsp. Semono uga ing kutha Semarang. Nalika semono tentara Jepang nyerang anggota polisi istimewa sing lagi tugas jaga ana ing tandhon banyu Wungkal, Siranda. Sabanjure keprungu warta yen tandhon banyu mau arep diracun dening Jepang. Yen pawarta mau bener, ateges wong Semarang bakal mati keracunan. Mula pangarsa Laboraturium Pusat Rumah Sakit Rakyat (Perusara) kutha Semarang, dr. Karyadi enggal budhal menyang Siranda saperlu mriksa banyu tandhon Wungkal kasebut. Ananging ing dalan dicegat, banjur diprajaya dening Jepang. Tahanan Jepang ing sekolah Pelayaran padha brontak sateruse perang wis ora bisa dialang alangi maneh. Perjuangane para kawula mudha Semarang perang kalawan Jepang sajroning limang dina iku, katelah pertempuran 5 dina ing Semarang.